First Date With ....PoconG
Thursday 13 March 2008

(Kisah ini sudah pernah kuposting sekitar Juni 2007, dan dengan alasan tidak etis terhadap ‘the spirit’ lalu kuhapus, lalu secara tdk sengaja aku menemukan file ini, lalu kuposting lagi. Dan andaikata nanti merasa ‘tidak etis’ lagi…maka akan dihapus lagi. Selamat membaca)

Untuk mendukung gerakan “Nguri-uri Kabudayan Jawi” dan banyaknya nasehat diantaranya dari beliau Bapak-bapak Dalang, maka untuk episode kali ini saya tampilkan sebuah kisah nyata dengan judul asli “Memedi Pinggir Dalan Bawen” bagi yang mengalami kesulitan dalam menterjemahkan, dapat menghubungi Bune Salma sebagai salah satu pemegang kitab Kamus Bahasa Jawa komplit-plit. Cerita ini sudah usang banget, tapi sepertinya sayang kalau dibuang. Makanya direlease ulang. Sugeng midangetaken ….ning nong..ning ..nong………(gamelans sound)

Udakara kedadean iki tahun 1992 kepengker. Sawijining dina aku lungo karo Bapak lan Pak Lik numpak mobil menyang ndesa, yo nggone mbah Kakung, Eyang Putri, lan Bulik. Baline saka desa jam wolu bakda Isya'. Rikala semana Pak Lik sing biasa nyambut gawe ngompreng, duwe pamikir ngomprengake mobile sinambi bali menyang Semarang, etung-etung golek obyekan. Pamikire bisa dienggo tuku bensin lan tambahan isi kantong.

Sapinggire dalan-dalan manawa ana uwong ditawani kanthi bengak-bengok nawakake, "Semarang...semarang, Pak, Bu Semarang ....Semarang..monggo-monggo". Mangkono pambengoke Pak Lik, lan Bapak nawakake, aku ning mburi uga melu mbengok, yo ethok-ethok ngerneti barang. Ora let suwe ana bapak-bapak loro saka ndesa sing kepeneran arep lunga menyang semarang. Sawise nyang-nyangan banjur numpak.

Bapak lan Pak Lik lungguh ana ngarep, disopiri Pak Lik. Wong loro mau lungguh ana kursi tengah, lan aku ning kursi mburi dewe sing bisa dinggo teturonan.

Sawetara wektu wis ngancik jam 9 bengi, ing kebon kopi Bawen sing rikala semana isih peteng banget lan kendaraan uga kemliwer arang-arang. Dumadakan Pak Lik omongan karo Bapak, "Mas njenengan nopo priksa wau wonten putih-putih teng pinggir dalan ?" mangkono pitakone pak Lik. "Oo..niku, kadose koyo tugu, nopo...ning kok koyo buntelan tibo saking truk ngaten nggih?" wangsulane bapak karo bali takon sebab ora pati cetha barang mau. "Nopo mboten pocongan !!.." Pak lik nyauri. Dumadakan aku ning mburi mak jenggirat njondil merga krungu manawa ana pocongan. Githokku mengkorog kaweden, karo nyawang saka kaca mburi, kanthi kaweden.

"Inggih, leres niku wau pocongan...parupanipun kadose nembe mewek", sawijine penumpang mau melu rembugan. Aku tansaya mengkorog githokku. "Kados tiyang ngangge rukuh, nembe shalat teng pinggir dalan...", mangkono kandhane kancane.

Panalaranku, lelembut mau ora diweruhi dening mung wong siji, nanging kabeh weruh kajaba aku. Kamangka aku sasuwene iku uga nyawang ning ndalan saka kaca jendela sisih kiwa. Nanging aku ora patiya maspadakake, dadi ora weruh. Nanging batinku, tujune ngono aku ora weruh, menawa melu nyawang malahan ora bisa turu lan tom-tomen. Sadawane kebon kopi kuwi ora ana omah, lan memedi mau penere ana dukuh sisih kulon entek-entekane kebon. Ngancik jam 10 bengi uwis tekan omah Semarang. Kedadeyan iki dak critakake marang wong-wong omah.

Liya dina manawa aku liwat kono numpak bis jurusan semarang-solo, mesti kelingan bab kedadeyan iki lan tak critakake marang kanca-kancaku, malah ana wong sak bis padha melu ngrungokake. Aku uga nembe ngerti yen ing sisih kiwa watara setengah kilo ono sarean. Ing batin aku tansah ndedonga supaya arwah mau kaparingan pangapura lan oleh panggon sing apik marang Gusti kang murbeng dumadi.

(Kacritakake dening : Raden Mas Nuga)

posted by Nuga @ 3/13/2008 09:40:00 pm

3 Comments:

Post a Comment

Subscribe to Post Comments [Atom]

<< Home

 
My Photo
Name:
Location: Semarang, Jawa Tengah, Indonesia

I'm just an ordinary person

Previous Posts
Silahkan Di ISI



  • Status : NuGa
    Visit the Site
    My Link Banner



    eXTReMe Tracker



    Youahie